Minggu, 02 September 2012

Aji Semar Mesem

Hong Wilaheng jati awigena mastuhu bawana langgeng Ingsun amantrapaken ajiku si Semar Mesem Mesem pendem angemu ulatku manis Ngetokaken dayaning batin Cumlorot Ulun Kamajaya manjalma marang insun Ora ana ingsun anane Hyang Ulun Kamajaya Byar cahya cumlorot sumunar ngebaki jagad Kadya wulan purnama sidi tanggal ping pat belas Setanganku Kembang Sekar Jagad Kumlawe gandane arum Arume ngebaki jagad Aja maneh sira ora kelarut Lagi Dewi Ratih bae kelarut marang ingsun Manunggal rasa marang ingsun Ya ingsun kang aran rasa sejati Rasamu kabeh ya rasaku Manuk jabak dhak manuk lengleng Mabur nyamber sukmamu.... Manunggal sawiji marang ingsun Ora ana sebaya pangapa Anane ayem, runtut lawan asih Kebut sinjang nala Matur nuwun, rahayu-rahayu-rahayu.